2014-03-01

KECINTAAN DAN KETAATAN PERLU PENGORBANAN


KECINTAAN DAN KETAATAN

PERLU PENGORBANAN

Disampaikan pada Khutbah Idul Adha Tahun 1430 H

Masjid Darus Salam Kadibesa Sabdodadi

Oleh : Wakija, S.Pd

بسم الله الرحمن الرحيم .

اسلام عليكم ورحمة الله وبر كا ته

الله اكبر 9 x لااله الاالله والله اكبر الله اكبر ولله الحمد

الله اكبر كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لله كثيرًا وسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةَ وَّاَصِيْلا, لااله الاالله ولانَعْبُدُ الااياه مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدين ولوْ كَرِهَ الكَا فِرُوْنَ. لااله الاالله وحده صد ق وعده ونصر عبده
وَاَعَزَّجُنْدَهُ وَهَزَمَ اْلاحْزَابَ وَحْدَهُ. لااله الاالله والله اكبر الله اكبر ولله الحمد.

الحمدلله الذِى جَعَلَ هَذاَ اليَوْمَ عِيْدًا لِلْمُسْلِمِيْنَ وَجَعَلَ عِيْدَ اْلاَضْحَى وَعِبَادَةَ الحَجِّّ مِنْ شَعَائِرِ اللهِ وَاِحْيَائِهَا وَجَعَلَنَامِنَ المُتّقِيْنَ. اشهد ان لااله الاالله وحده لاشريك لهُ الّذِى اِبْتَلىَ اِبْرَاهِيْمَ خَلِيْلهُ, واشهد انّ محمّدًا عبده ورسوله. الّلهمّ صلّ وسلم وبارك على سيدِّ نا محمّدٍ وعلى اله واصحا به اجما عين. اما بعد, فيا عبادالله: اتقواالله حقّ تقوى كَمَا قال تعاللى فِ القرْان الكريم, اعدوبالله من الشّيطان الرّجيم, بسم الله الرّحمن الرّحيم , يايهاالّّذين امنواتقوا الله حقّ تقا ته ولا تمو تنّ الا وانتم مسلمون. الله اكبر ولله الحمد


Jama’ah Shalat ‘Id rahimakullah.

      Sedaya puji pangalembana mligi kagungan dalem Allah, Pangeran ingkang maha Tunggal, Ingkang Maha Mirah tur Welas Asih, Ingkang Mangerani Sedaya Alam. Kita sedaya anekseni bilih sejatosipun mboten wonten Pangeran ingkang sinembah kejawi Allah, ingkang Maha Sugeng tur Maha Mandiri. Lan kita ugi anekseni bilih Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW punika utusanipun Allah, Nabi lan Rasul pamungkas ingkang kautus minangka rahmat kangge saindenging jagad rat pramudita. Duh Gusti Allah Pangeran kawula, mugi Paduka tansah paring rahmat lan salam dhumateng junjungan kita Nabi Muhammad SAW, tumedhak dumateng keluarga, para Shahabat lumeberipun dhateng ummat Islam ingkang tansah anggegesang syari’at lan sunnahipun, sahengga syafaat ingkang tansah kula panjenengan sami antu-antu ing samangke wonten Yaumul Kiyamah, amiin ya rabbal ‘alamiin.



Allahu Akbar  3 x. Lailaha illallah Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahil-hamd.


Jama’ah Shalat Id rahimakumullah

Dinten punika sedaya ummat Islam saindenging bawana sami makempal ing papan-papan ibadah saperlu nindakaken ibadah shalat ’Iedul-Adha warsa 1430 H. kanthi gumbrenggeng maos takbir lan tahmid, muja-muji angagungaken asma dalem Allah SWT. saksampunipun shalat ‘Iedul Adha tumrapipun ingkang pinaringan rizki longgar sami nyembelih kurban ingkang dagingipun kangge para fakir miskin saha tetiyang ingkang anggadhahi hak nampi daging kurban. Sahingga ibadah ‘Iedul-Adha punika amengku kalih dimensi : dimensi Ilahiyah lan dimensi insaniyah.


Dimensi Ilahiyah inggih punika arupi shalat “Ied lan rangkaianipun saha ikhlasing manah nyembelih kurban, namung karana mligi pados karidlanipun Allah. Dene dimensi insaniyah inggih punika pambagian daging kurban, ingkang mujudaken pemerataan rizki paringipun Allah dhateng fakir miskin, sahingga saged ngremenaken manahipun tiyang kathah, nambah gizining masyarakat. inggih makaten punika saweneh saking endah lan edining amalan agami Islam.

Gusti Allah dhawuh :

انّا اعطينك الكوثر. فصل لربّك ونحر. انّ شا نِئك هوالابتر.



Jawanipun : ”Temen Ingsun wus maringi sira (Muhammad) kabecikan kang akeh. Jalaran saka iku sira shalata marang Allah, Pangeran nira lan nyembeliha kurban. Satemene wong kang sengit/gething marang sira iku wong kang cures”. (QS. Al-Kautsar :1-3).



Allahu Akbar 3x. Lailaha illallah Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahil-hamd.


Jama’ah Shalat Id rahimakumullah

‘Iedul Adha lan sedaya amalan rangkaianipun, punapa dene ibadah Haji lan rangkaianipun punika erat hubunganipun kaliyan sejarahipun Kanjeng Nabi Ibrahim AS. Keluarga pilihan lan kekasih Allah kasebat, minangka bintang-bintang kemanusiaan, keluarga teladan penegak lan perintis akidah Tauhid, ugi conto ketabahan, kesabaran saha ketawakkalan dhateng Allah SWT. Kanjeng Nabi Ibrahim AS kalebet kelompok Ulul-Azmi, para Nabi ingkang kagungan sifat tabah lan sabar luar biasa, pinaringan gelar Khalilullah, kekasihipun Allah lan ugi Abut-Tauhid, bapak penegak Tauhid, Bapak Monotheisme. Wondene garwanipun, inggih punika Siti Hajar, minangka conto wanita sholihah ingkang ugi kagungan sifat sabar lan tabah ingkang luar biasa, pendidik ingkang saged nanem iman lan akhlak mulia, ibu teladan ingkang saged ndidik putra calon Nabi ingkang anggadahi sifat hanief, ingkang taat dhateng al-haq lan pasrah dhumateng katentuanipun Pangeran ingkang Maha Murba Wasesa. Inggih punika Ismail AS.

Kanjeng Nabi Ibrahim AS nyuwun dhateng Allah SWT :



رَبّ هَبْ ِلى من الصََّلِحِيْنَ

Jawanipun : “ Duh Pangeran kula, mugi paduka paring turunan ingkang shaleh dhateng kawula. ”(QS. Ash-Shaffat :100)



Kasembadan panyuwunan sehingga Allah ngendika :

فَبَشَّرْ نَهُ بِغُلَمٍ حَلِيْمٍ

Jawanipun : ” Banjur Ingsun paring mbebungah marang dheweke (Ibrahim) kelawan ingsun paringi putra lanang kang sabar (Ismail AS). (QS. Ash-Shaffat :101).



Allahu Akbar 3x. Lailaha illallah Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahil-hamd.


Jama’ah Shalat Id rahimakumullah

Cariyos salajengipun miturut Al-Quran rikala Ismail ngancik yuswa remaja saged ambiyantu pakaryan ramanipun, Gusti Allah andhawuhaken supados Ibrahim AS anyembelih putranipun ingkang nama Ismail AS. Dhawuh punika dipun tampi dening rama lan putra kanthi penggalih ingkang sabar, tabah, tawakkal lan ikhlas dhateng kersanipun Allah, penggalih ingkang husnudzan dhumateng Allah. Wusana Allah lajeng anggantos Ismail AS kanthi menda ingkang ageng. (QS. Ash-Shaffat :107)


Kanyatan keturunanipun Nabi Ibrahm AS ingkang saking garwa Siti Hajar inggih punika Nabi Ismail AS ingkang lenggah ing Makkah, ingkang nurunaken Bani Adnan, suku Quraisy, Bani Hasyim, Abdul Muthalib, Abdullah lajeng Muhammad SAW, Rasul Allah ingkang pungkasan khatamul-anbiya’ wal-mursalin, panutuping para Nabi lan para Rasul Allah. Dados antawisipun kanjeng Nabi Muhammad SAW kaliyan kanjeng Nabi Ibrahim AS wonten 3 jalur hubungan : setunggal hubungan keturunan utawi nasab bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW punika wayah saking kanjeng Nabi Ibrahim AS. Kalih hubungan Kenabian/Kerasulan, bilih kanjeng Nabi Muhammad SAW kaliyan kanjeng Nabi Ibrahim AS sami-sami Nabi lan Rasulipun Allah SWT. Tiga jalur inti ajaran agaminipun sami-sami Tauhidullah sami-sami mucalaken keesaanipun Allah kanthi pernyataan : Laa Ilaaha illallah ora ono Pangeran (kang wajib disembah) kejaba Allah.


Wondene ingkang dipun tindakaken Nabiyullah Ibrahim AS, lan Nabi Ismail AS merupakan bentuk pengorbanan ingkang luar biasa. Betapa tidak. Putra ingkang sampun dipun antu-antu dipun dambakaken kelahiranipun, ing tembe wingkingipun dados penerus keturunan lan perjuangan, ingkang saweg nedeng-nedengipun mekar/ngrembaka dados rumaja ingkang cerdas, tampan, lan menawan, justru dipun printah Allah SWT supados dipun sembelih. Inilah bentuk pengorbanan yang luar biasa dari diri Nabi Ibrahim AS dan juga bentuk pengorbanan yang luar biasa dari diri Nabi Ismail AS, ingkang nyerahaken jiwa lan raganipun kangge mengabdi dumateng Allah ‘azza Wajalla.


Pengorbanan tersebut, Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah sesungguhnya merupakan kesan dari kecintaan dan ketaatan yang sempurna dari seorang hamba kepada Allah SWT, Sang Maha Pencipta kados pangandipun Allah wonten (QS. Ali Imran : 92)



لَنْ تَنَا لوُاالْبِرَّحَتى تنْفِيْقوامِمّا تحِبُّونَ. وَمَا تنفيقوامن شَئِ فانّ الله بِهِ عَلِيْمٌ



“Kamu sekali-kali tidak sampai kepada kebajikan (yang sempurna), sebelum kamu memberikan (mengorbankan) apa yang kamu cintai.”

Kecintaan dan ketaatan bagaikan dua sisi mata uang yang tak dapat dipisahkan. Imam Al-Baidhawi ngendikakaken,”Cinta adalah keinginan untuk taat”, sementara Al-Zujaj ngendikakaken,”Cinta manusia kepada Allah dan Rosulnya adalah mentaati keduanya ridha kepada semua perintah dan ajaran yang dibawa oleh Rosul-Nya.” Lebih lanjut disebutkan bahwa,”Kecintaan dan ketaatan kepada Allah tidak mungkin diwujudkan tanpa pengorbanan, jadi tak ada cinta tanpa ketaatan dan tak ada ketaatan tanpa pengorbanan. Sekali lagi saya katakan…..


Pengorbanan yang telah dilakukan oleh Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS merupakan teladan bagi kita akan wujud kecintaan dan ketaatan yang sesungguhnya kepada Allah SWT. Karena itu, jika kaum Muslim ingin mewujudkan kecintaan dan ketaatan yang sebenarnya kepada Allah Subhanahu wa ta’ala, maka perlu siap untuk berkorban. Berkorban dalam hal ini, tentu tidak sekedar menyembelih hewan korban. Tapi berkorban dalam arti yang luas. Allah Subhanahu wa ta’ala berfirman :”Katakanlah,’jika bapa-bapa, anak-anak, saudara-saudara, isteri-isteri, kaum keluargamu, harta kekayaan yang kamu usahakan, perniagaan yang kamu khawatirkan kerugiannya, dan rumah-rumah tempat tinggal yang kamu sukai, adalah lebih kamu cintai daripada Allah dan Rasul-Nya dan (dari) berjihad di jalan-Nya, maka tunggulah sampai Allah mendatangkan keputusan-Nya.”Dan Allah tidak memberi petunjuk kepada orang-orang fasik. (QS. At-Taubah [9]:24)

Dalam ayat ini, kita diperintahkan untuk menempatkan kecintaan kita kepada Allah dan Rasul-Nya diatas kecintaan kepada yang lain. Artinya, disaat Allah Subhanahu wa ta’ala memerintahkan sesuatu yang menuntut pengorbanan baik berupa harta, keluarga, maupun perniagaan yang kita cintai, kita perlu siap melakukannya. Pengorbanan inilah yang akan mendatangkan balasan dari Allah berupa keridhaan, ampunan, pertolongan, kemenangan, dan kemuliaan. Allah Subhanahu wa ta’ala berfirman :

“Kemuliaan itu hanyalah bagi Allah, bagi Rasulnya dan bagi orang-orang Mukmin (QS. Al-Munaafiquun [63]:8)



Allahu Akbar 3x. Lailaha illallah Allahu Akbar. Allahu Akbar Walillahil-hamd.


Akhirnya kita berharap, mugi-mugi ibadah kula penjengan sami dipun tampi wanten ngarsanipun Gusti Allah ingkang maha kuwaos, pinaringan ganjaran ingakang tikel-matikel lan kalebetaken ewonipun tiyang ingkang saged ningkataken kecintaan lan ketaatan sahengga saged berkorban kangge  kepentingan diri kita, keluarga, agama, bangsa lan Negara. Amiin

Mekaten ugi mugi-mugi para jamaah haji anggenipun nindakaken sedaya amalan sae ingkang wajib saha ingkang sunat saged dipun tindakaken kanthi rancak, lancar boten wonten rubeda punapa-punapa lan wangsul wonten ing tengah-tengahing keluarga tetep pinaringan kabergaswarasan saking Ngarsa Dalem Gusti Allah SWT, kalebtno    haji ingkang mabrur, lan do’anipun wonten papan –papan ingkang mustajabah dipun tampi lan pikantuk pitulanganipun Allah kalebetaken suwarganipun Gusti Allah ingkang Maha Mirah tur welas asih. Amiin 


Semanten ugi minangka warga Negara ingkang sae tamtu kemawon ndo’akaken mugi-mugi para pemimpin, sae pemimpin keluarga, masyarakat, organisasi, bangsa lan negara kalebet sedaya pemimpin umat, saged nindakaken amanah ingkang dipun sampiraken wonten ing pundakipun, lan ugi Allah mugi paring  ketabahan, kesabaran, ketawakalan para pemimpin bangsa dalam menghadapi segala cobaan, dengan harapan mudah-mudahan cepat terwujud  Negara baldatun toyibatun warabun qhofur dibawah naungan dan ridha Allah SWT.  Amiin ya Allah ya Rabbal ‘alamiin.

الله اكبر7 x لااله الاالله والله اكبر الله اكبر ولله الحمد. 

 الحد لله حمدًا كثيرًا كما امر. اشهد ان لااله الاالله وحده لاشريك له, واشهد ان محمّدًا عَبْدُهُ ورسوله المَبْعُوثُ ِالىَ سَائِرِِ الْبَشرْ. اللهمٌ فصَلّ وسلِّمْ وبارِكْ على سَيدِ ناوموْلانا حمّدٍٍنُورِالانْوَارِ  وعلى اله واصْحا بِهِ مَصَابِيحِ الغُرَرْ.  اما بعد, فيا عبادالله اُوْصِيكُمْ وَاِيّاَيَ بِتقوَى الله فقدْ فازالمتقون. قال الله تعللىفى القران الكريم: انٌ الله وملا ءكته يصلون على النبيّ ياايهاالذين امنوا صلواعليهِ وسلموا تسليمًا.  ْ  اللهمّ صلى وسلم على سيد نامحمدٍ وعلى اله واصْحا به اجمعين.

اللهم اغفرللموْمنين والموْ منات, والمسلمين والمسلما ت الاحياء منهم والاموات انك سميعٌ قريبٌ مجيب الد عْوَاتْْ.  الّلهُمَ جْعَلْ حُرِيَتنا وَاسْتِقلالَ بِلادِنا اِندُو نسيا اِسْتِقلالاً مؤبّدًا وَجْعَلْهُ بَلدًا امِناً  مُطْمَئَِنا وَارْزُقْ اَهْلهُ مِنَ الثمَرَاتِ مَنْ اَمَنَ بِالله واليوم الاخر انك على مَاتشَاءُ قدِيرٌ وَبِالاِجَابَةِ جَدِيرٌ. اللهُمَ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِينْ وَاخْذُُلْ مَنْ خَذَلَ المُسْلِمِيْنَ وَاْعْلِ كلِمَتكَ الى يوْمِ الدِّين. ربنا اَوْزِعْنا اَنْ نسْكُرَ نِعْمَتكَ التِى اَنْعَمْتَ عَليْنا وعلى وَالِدَيْنَ وَانْ نَعْمَلَ صَالِحًا ترْضَاهُ وَادْخِلْنا بِرَحْمَتِكَ فِى عِبَادِكَ الصَلِحِين. اللهم ارِناالحَقَ حَقا وَاْرزُقْ نا اتِّبَاعَهُ وَارِنا البَا طِلَ بَاطِلا وَارْزُقناجْتِنابَهُ. ربنا هب لنا من ازواجنا وذريتنا قرة اعين واجعلنا للمتقين امما.  ربنااتنا فى الدنيا حسنة وفى الاخرة حسنة وقنا عداب النار. رَبِ اجْعَلنِى مُقِيمَ الصَلاةِ وَمِنْ ذُرِيَتِي رَبَناوَتقبَلْ دُعَاءِ. وَادْخِلناالجَنة مَعَ الابْرَارِ يَاعَزِيزُ يارب العا لمين. سبحان ربك رب العزة عما يصفون وسلا م على المر سلين والحمدلله رب العلمين.








Geen opmerkings nie:

Plaas 'n opmerking